Lgm. Dongengan

2 views

Lyrics

Sinten purun kulo dongengi?
 Dongenge sadulur deso
 Sugih sawah lan sugih pari
 Ayeman ati ora murko
 Ageng labuhe dateng negari
 Rupo harto lan rupo bondho
 Jaman gerilya ing nguni
 Tiyang kutho ngungsi teng deso
 ♪
 Si kakang lan mbak yu sing nampi
 Lahir batin suko lan rilo
 Jamin panggenan lan jamin tedhi
 Luwung senajan coro ndeso
 Kocaping biyen naliko kuwi
 Sopo wonge podho rumongso
 Terima kasih batine muni
 Suk yen aman walesku opo?
 ♪
 Tutuke dongeng puniki
 Indonesia pun merdiko
 Dikantheni tatanan adhi
 Ngajeni mring podho manungso
 Welinge sing ndongengke niki
 Yen kakang lan mbak yu teng kutho
 Walese ojo nganti lali
 Lan ojo disio-sio
 

Audio Features

Song Details

Duration
04:58
Key
11
Tempo
116 BPM

Share

More Songs by Gesang

Similar Songs