Mampir Mas

3 views

Lyrics

Ojo lali, Mas, yen liwat Semarang
 Mampir dhisik, nyawang kaendahan
 Akeh papan elok ngemu sejarah
 Uga akeh papan kang nyenengake
 Rowo Pening, Mas, asri yen disawang
 Guo Kreo, papan jejodhoan
 Kelap-kelip kae lampune kapal
 Tanjung Emas, Pelabuhan Semarang
 Numpak andong, puter-puter Kutho Semarang
 Karo nyawang bocah ayu do gegojegan
 Mampir dhisik, podo jajan jagung bakar
 Bakule ayu, yen mesem gawe kasmaran
 Semarang, Mas, kaline banjir
 Jo sumelang, Mas, yen ra tak pikir
 Mlaku-mlaku, Mas, neng Kutho Semarang
 Simpang Lima, papan sing kawentar
 Sopo ngerti yen nasib lagi mujur
 Biso kenal anake bakul jagung
 ♪
 Numpak andong, puter-puter Kutho Semarang
 Karo nyawang bocah ayu do gegojegan
 Mampir dhisik, podo jajan jagung bakar
 Bakule ayu, yen mesem gawe kasmaran
 Semarang, Mas, Kota Atlas
 Jo sumelang, Mas, yen ra tak gagas
 Mlaku-mlaku, Mas, neng Kutho Semarang
 Simpang Lima, papan sing kawentar
 Sopo ngerti yen nasib lagi mujur
 Biso kenal anake bakul jagung
 Mampir lho, Mas, sedhelo wae
 Gratis to, jagunge
 

Audio Features

Song Details

Duration
04:02
Tempo
133 BPM

Share

More Songs by Waldjinah

Similar Songs